Selasa, 14 Januari 2020

Nyinau kagunan jawa

Nyinau kagunan jawa 

     Basa Jawa iku Urip mula basa Jawa Yansah owah, amarga titikane apa wae kang Urip iku mesthi owah. Basa Jawa kang biyen mung nganggo tembung-tembung Jawa, saya suwe saya kalebon tembung-tembung manca. Tembung-tembung mau akeh-akehe saka basa Arab lan Inggris. Kanggo ngawekani panulise tembung-tembung manca kang ora ana tembung jawane, kira-kira taun 1996 kawetokake pranatan panulise aksara Jawa Lumantar Yayasan Pustaka Nusantara. Ing kana salah sawijine bab ngandharake anane aksara rekan lan aksara pasangane.


Aksara rekan iku ana lima, yaiku :


A. Maca aksara Jawa rekan 


B. Nulis paragraf aksara Jawa kang ngemu aksara rekan


    Nulis paragraf aksara Jawa iku padha karo nulis ukara disambung-sambung. Kang prelu digatekake, menawa nulis ukara Jawa kudu diwiwiti nganggo adeg-adeg (\\) lan dipungkasi nganggo pada lungsi (>>), nanging yen nulis ukara sajrone paragraf, ora prelu saben ukara dimiwiti nganggo adeg-adeg, kajaba ukara sepisanan wae.

Sumber : Gegeran nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

Gamelan

    Gamelan 



Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Gamelan kena kanggo niteni wewatake menungsa. Karepe, bisa kanggo Nidji utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau nalika swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.

     Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna,kayata : Bonang panerus, Bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus, saron barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang.


A. Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani gamelan. 


Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangke utawa njelasake kedadeyan , kahanan, utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngerti kanthi cetha. Tuladhane kaya ngisor Iki.



B. Mbedhah perangane teks eksposisi

  Tuladha teks eksposisi ing ngarep bisa ditemokake titikane teks eksposisi. Titikane yaiku ana pambuka, isi, lan panutup. Cethane kaya kaya ngisor Iki.



C. Nulis teks eksposisi ngenani gamelan nganggo basa kang cocog karo kahanan lan pranatane .


      Nulis teks eksposisi iku ora angel watone manut pranatan utawa aturan kang gumathok. Pranatane kang gumathok yaiku ana pambuka, isi, lan panutupe. Bab apa wae kang arep dieksposisekake carane padha, yaiku nganggo rumus kaya ngene Iki.


Sumber: Gegeran nyinau basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

https://bsd.city/review-lengkap-alat-musik-gamelan-mulai-sejarah-hinga-ragam-jenisnya/





Senin, 13 Januari 2020

Pawarta



PAWARTA


    A.  Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kebutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh.menowo dideleng seko saranane,ana pawarta kang nggunakake medhia chitak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik.

     B.  Maca lan nemokake isine pawarta

• Mbudidaya milih pawarta kang cocok karo sing diperlokake
• Tansah ngrungokake pawarta kanthi tlesih lan tliti
• Nemokake isi bakune pawarta
• Bisa mbedakake kanyatan lan panemu
• Bisa ngudhal lan tumanggap marang isine pawarta.
    
   Saben dina ana wae pawarta anyar kang bisa diwaca utawa dirungokake. Kanthi pawarta, masyarakat dadi mangerteni informasi kang lagi nedhenge-nedhenge dirembug. Perlu dimangerteni, panulise pawarta iku mesthi nggunakake metodhe 5W1H. Pangertene padha yaiku apa, sapa, kapan, ing ngendi, genea lan kepriye kedadeane.

      C.  Manawa lagi ngrungokake pawarta ana bab-bab wigati kang kudu dimangerteni utawa digatekake. Bab – bab kang perlu digatekake ing antarane:
1. Saka ngendi sumbere pawarta
2. Kapan pawarta kaandharake
3. Sapa kang ngandharake
4. Apa isine
5. Kepriye kadadeyane

    Ngrungokake pawarta kang digiyarake lumantar radio/TV pancen rada angel, awit ora bakal dibaleni. Supaya bisa ngrungokake pawarta perlu kawigaten kang mligi (konsentrasi). Pawarta kang dibeberke lumrahe nganggo basa lugu (resmi). Tegese dudu basa endah utawa basa paguneman, supaya wong kang ngrungokake gampang anggone nampa lan sanalika mudheng isine.

maturnuwun.

Sumber : Gegaran nyinau basa jawa kelas X SMA/SMK/MA

Geguritan




A. PENGERTIAN GEGURITAN

           Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening pangeran tinamtu. Cache lirik, cacahe Wanda, cacahe pada, Tembung Tembung kang dipilih, kan surasane kabeh merdeka Utara bebas. 

B. NEMOKAKE PERANGANE GEGURITAN

          Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor Iki.
  • Maca kanthi premati, Yen prelu dibolan-bolan-baleni.
  • Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//).
  • Golekana tegese tembung kang angel utawa aneh. bisa tegese lugu, entar utawa tembang.
  • Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
  • Tambahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan ditemokake karepe.
C. TUNTUNAN KANG DIKANDHUT ING TEKS GEGURITAN

          Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka saka iku, lumantur geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan Karo kahanam. 

D. NULIS GEGURITAN NGGUNAKAKE RAGAM BASA KANG JUMBUH

          Nulis geguritan supaya ana gondhelan, prelu kogatekake ban-ban kaya mengkene.
  • Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan sapanunggale.
  • Ngutamakake isi kang mentes, apik, Endah kan becik.
  • Bisa nggunakake lelawen basa.
  • Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut lan sapanunggale.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
                  Kelas XII SMA/SMK/MA

Materi Bahasa Jawa kelas 12

Pendhidhikan Moral


      Perangane serat wedhatama kang pungkasan , anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku Pupuh kinanthi.ing wulangan iki pupuh kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi , kinanthi tegese dikanthi,dituntun,digandheng,utawa diarahake.

A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan teks Serat wedhatama pupuh kinanthi .


    Kinanthi
Marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,  
rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi,
mbengkas kahardaning driya,
supadya dadya utami.

✓ Pupuh kinanthi ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami.
✓Guru gatra saben sapadane tembang kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
✓Guru lagune tembang kinanthi yaiku: u,i,a,i,a,lan i.
✓Guru wilangane tembang kinanthi iku: 8,8,8,8,8, lan 8.
✓Supaya gampang dieling-eling , guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi, biasane ditulis:8u,8i,8a,8i,8a, lan 8i.

B. Mbedah perangane serat wedhatama pupuh kinanthi.

  Kaya kang diandharake ing duwur, tembang kinanthi iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra. Aturan iku gegayutan Karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagi.

C. Ngarang cakepan tembang kinanthi.

  Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturane kang gumathok. Supaya bisa nulis cakepan tembang kinanthi , wiwitana kanthi gawe ukara bebas! ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangane, lan luru lagune. Cara-cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dada nama, tembung saroja, lan sapanunggale.

Sumber : Gegaran Nyinau Bahasa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA.

Nyinau kagunan jawa

Nyinau kagunan jawa       Basa Jawa iku Urip mula basa Jawa Yansah owah, amarga titikane apa wae kang Urip iku mesthi owah. Basa Jawa kan...